Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Soal UKK / UAS Bahasa Jawa Kelas 7 SMP / MTs Semester 2 (Genap)

Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Selamat datang di blog kumpulansoaltest.blogspot.com
 
Pada kesempatan kali ini akan kami bagikan contoh latihan Soal Ulangan Kenaikan Kelas ( UKK ) / UAS Semester 2 / Genap Kelas 7 / VII SMP / MTs Mapel Bahasa Jawa

Cuplikan Soal :



LATIHAN SOAL ULANGAN KENAIKAN KELAS BAHASA JAWA KELAS VII

Wangsulana pitakonan-pitakoan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan kang paling bener!

Wacan 1
Kanggo soal no. 1 – 3

SEJARAHE SUMPAH PEMUDA

Saben tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia padha mengeti dina Sumpah Pemuda. Kadadean kasebut dipengeti saben taun. Amarga lelakon mau dadi daya kekuwatan kanggo nggugah rasa semangat lan tekade bangsa Indonesia anggone bisa uwal saka regemane kaum penjajah.

Ing sakawit bangsa Walanda tekane ana ing bumi Indonesia iku mung arep dagang. Gegandhengan nyumurupi kemakmurane negara Indonesia banjur tuwuh karepe kepengin nguwasani. Kabeh kekarepane mau banjur dileksanakake kanthi cara-cara kang kasar lan julig banget. Wekasane bangsa Walanda bisa nguwasani bumi Nuswantara sakisine nganti telung atus seket taun lawase.
(Djarot Heru Santosa, 2008:73).

1. Underaning rembug (ide pokok) paragraf 1 wacan ing ndhuwur yaiku ….
a. Saben Saben tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia padha mengeti dina Sumpah Pemuda.
b. Dina Sumpah Pemuda dipengeti ing saben taun.
c. Amarga lelakon mau dadi daya kekuwatan kanggo nggugah rasa semangat lan tekade bangsa Indonesia anggone bisa uwal saka regemane kaum penjajah.
d. Dina Sumpah Pemudha dadi daya kekuwatan kanggo nggugah semangat lan tekade bangsa Indonesia bisa uwal saka penjajah..

2. Amarga lelakon mau dadi daya kekuwatan kanggo nggugah rasa semangat lan tekade bangsa Indonesia anggone bisa uwal saka regemane kaum penjajah. Tembung uwal ing ukara iku tegese padha karo tembung ….
a. ilang
b. ucul..
c. kuwat
d. mlompat

3. Kabeh kekarepane mau banjur dileksanakake kanthi cara-cara kang kasar lan julig banget. Tembung julig ing ukara iku tegese ….
a. pinter
b. trampil
c. licik..
d. ulet

4. Ukara-ukara ing ngisor iki, kang wasesane migunakake tembung lingga yaiku ….
a. Bapak lagi sareyan ing ana ing kamar ngarep.
b. Adhiku sing cilik mung nangis wae.
c. Aku turu jam sanga bengi..
d. Adhiku anggone tumandang ora grusa-grusu
5. Tembung-tembung ing ngisor iki kang kang kalebu tembung lingga yaiku ….
a. sare, tindakan.
b. luhur, kaluwihan
c. begja, cilaka..
d. nyidhuk, tendhang


Silakan klik link di bawah ini untuk men download soal selengkapnya :

Demikianlah contoh Soal UKK atau UAS / Ulangan Akhir Semester 2 (Genap) Kelas 7 SMP / MTs Mapel Bahasa Jawa. Semoga Bermanfaat.

Post a Comment for "Soal UKK / UAS Bahasa Jawa Kelas 7 SMP / MTs Semester 2 (Genap)"